Daya pamirsanipun manungsa asring namung kandheg wonten ing kawontenan sacara lair kemawon, asring namung mirsani prakawis- prakawis ingkang kasat mripat. Kawontenan ingkang kados mekaten punika dadosaken manungsa tansah mbudidaya supados saged pantes saha sae wonten ing ngarsanipun tiyang sanes. Kamangka daya pamirsa punika ingkang nemtokaken bobot iman kapitadosanipun manungsa. Mekaten ugi tumindakipun tiyang-tiyang Parisi saha para ahli Toret ingkang tansah ketingal taberi ngabekti, saleh ananging karem ngupadi lan metani kekiranganing ngasanes. Tansah nglepataken tiyang sanes kamangka piyambakipun tansah tumindak awon, ora bisa ndeleng githoke dhewe. Ketingalipun setya tuhu dhumateng Gusti Allah, ananging sejatosipun lamis.
Dhawuh ingkang kaserat wonten ing ayat 47 ngengetaken para pitados supados sampun ngantos kelu saha kapencut dhumateng piwucal miwah tata gesangipun tiyang-tiyang Parisi saha para ahli Toret. Ketingalipun saleh, ananging sejatosipun babar pisan boten pitados dhumateng dhawuhipun Gusti Allah.
Kita ingkang sampun kapiji dados umat kagunganipun Gusti, punapa taksih kirang pitados bilih sadaya dhawuhipun Gusti saestu minangka pawartos rahayu? Punapa kita taksih mangu-mangu anggen kita ndherek Gusti, sampun tumemen saestu, punapa taksih tansah alelamisan?
Dhuh Rama, mugi Paduka kepareng dadar gesang kawula supados kawula boten gampil kapencut gebyaring donya.




(5 out of 5)



(5 out of 5)



(5 out of 5)



(5 out of 5)



(4.5 out of 5)



(4 out of 5)



(4 out of 5)



(4 out of 5)



(4 out of 5)



(4 out of 5)