wordpress com stats plugin
Home » Pancaran Air Hidup

Rama Lan Putra

4 May 2014 36 views No Comment Oleh

Waosan : 1 Petrus 1: 17-21    ‘
Pamuji : KPK 62: 1, 2.
Nats : Kowé nyebut Gusti Allah ‘Rama’, samasa kowé padha ndedonga marang Panjenengané. Nanging Gusti Allah ngadili kabèh wong tanpa pilih kasih, manut penggawéné dhéwé-dhéwé. Mulané uripmu ing donya padha nganggoa wedi-asih marang Panjenengané. (Ayat 17)

 

Sesambetan “Rama” kaliyan “putra” menika sesambetan ingkang raket sanget. Kita saos sokur dene kita dipun parengaken nyebat Gusti Allah menika Rama kita. Kalayan mekaten kita katampi dados putranipun Allah. Kita saos sokur awit srana mekaten kita nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti Allah. Dados Gusti Allah menika raket sanget kaliyan manungsa, mboten tebih utawi jaga jarak kaliyan kita.

Ewasamanten, nyebat Allah menika Rama ngemu tanggel jawab (konsekwensi); nggih menika kita kedah ajrih-asih dhumateng Panjenenganipun. Ajrih ing ngriki sanès ajrih dipun dukani utawi dipun pidana, diukum. Ajrih ing ngriki tegesipun ajrih nguciwani Panjenenganipun, ndamel Gusti Allah kuciwa awit saking tumindak kita ingkang mboten prayogi.

Pramila saking menika, ajrih ing ngriki kinanthènan raos asih dhumateng Panjenenganipun. Raos asih menika raos ingkang tansah kepingin ndamel tiyang sanès remen, mèsem, marem lan bingah. Ingkang menika mesthi tansah mbangun turut dhateng sedaya dhawuhipun lan nindakaken menapa ingkang sae. Raos ajrih nguciwani menika kadhasaran raos asih dhumateng Gusti.

Ingkang dados landhesaning raos ajrih-asih kita dhumateng Gusti inggih menika sih panebusanipun Gusti Yesus Kristus srana sangsara lan sedanipun. Kita sampun katebus saking gesang ingkang nglaha, tanpa guna, kadadosaken putra ingkang aji tumrap Gusti Allah lan pakaryanipun.

Kanthi wujuding raos ajrih-asih kita dhumateng Gusti kita ngalami sesambetan ingkang raket sanget kaliyan Gusti Allah. Wonten ing raos ajrih-asih ingkang tulus tanpa pamrih dhumateng Gusti lan kebabaring sihipun Allah menika kita ngraosaken ayem tentreming gesang ingkang sayektos; kados ayem tetreming anak ingkang rinengkuh ing sih katresnaning bapak-ibunipun. Sumangga kita tansah mranata jiwa, nambah manah lan mandhu laku ingkang ajrih-asih dhumateng Gusti! [ST]

 

“Aja wedi paukuman, nanging wedia nguciwani wong liya!”

Bagikan Artikel ini:
facebooktwittermail

Comments are closed.