Pak lan Bu Hary Ngalami Nikah Kencana
Mendahneya rahayu tyang semahanKlayan nunggil tresnanya mring Gusti
Runtang-runtung denira sih-sinihan
Klayan saekapraya lan budi
Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng
Mring idi Gusti sarwi memuji
Ing satitah nrimah klayan pitajeng
Saha tresna dumugi janji.
Kidung 109 saka buku Kidungipun Pasamuwan Kristen Jawi iki ditembangake para putra lan wayahe Pak Hary Soedarjo (76 taun) lan Bu Hartindjoeng (73 taun), warga GKJW Pasamuwan Segaran, wilayah pelayanan Majelis Daerah Surabaya Barat, nalika mahargya 50 taun mangun brayat ing Desa Dlanggu, mepet kantor Camat Dlanggu, Kabupaten Mojokerto, Setu Legi (3/1) bengi. Sing nampa pisungsung kidung katon trenyuh.
Kawin mas utawa nikah kencana (3 Januari 1959-3 Januari 2009) tumrap Pak lan Bu Hary minangka nugraha gedhe peparinge Kang Murbeng Dumadi. Apamaneh anggone mlebu tataran kawin kencana sajrone swasana sehat lair lan batin. Isih bisa nuweni genti-genten putra-wayah ing ngendi-endi.
Para putra (cacah nem lan mantu nem) sarta para wayah cacah 12 uga padha waras-wiris. Bengi iku kabeh nglumpuk bungah-bungah kanthi rasa sukur marang Gusti. Uga nyaosake kenang-kenangan wujud buku 50 Tahun Perkawinan Kencana Bapak dan Ibu Hary Soedarjo, kanthi foto nostalgia brayat iki.
Putra sepisanan Fajar Dermawan (nikah karo Margaretha, putri Timor ing Kupang, anak loro). Banjur Ernarini Indraswati (karo Daniel Yusuph, anak loro, ing Tulungagung), Widyo Prasetyo (sisihane Maria ing Malang, anak loro), Herlina Wijayanti (karo Puguh S. ing Jakarta, anak telu), Widyani Karuniawati (sisihane Fritz Octavianus May ing Makassar, anak loro) lan Puguh Nugrihanto (sisihane Meti Andriani ing Surabaya, durung kaparingan momongan).
Kabeh wis mapan lan kinurmat. Ana sing dadi staf universitas, pemimpin kursus ketrampilan, telkom lan konsultan. Ana sing dadi teknisi lumpur Lapindo lan pengusaha ekspedisi. Ora ana sing dadi politisi kaya Pak Hary biyen lan nyambut gawe ing babagan kesehatan kaya ibune.
“Kula kekalih bingah lan caos sukur dhumateng Gusti, dene lare-lare sami dados tiyang ingkang sae lan rukun,” dhawuhe Pak Hary sing sehat sumringah nalika nemoni ing sangisore wit duren montong endhek sing lagi gembel wohe, Setu sore.
Rukun karo sapa bae pancen dadi motto-ne brayat iki. Kejaba iku Pak lan Bu Hary wanti-wanti kabeh putrane padha sangkul-sinangkul ing bot repot. Kaluwihan ing kene kudu bisa kanggo nutup kekurangan ing kana. Mula sacara ekonomis brayat nem trah Hary-Hartindjoeng ora njomplang.
Bu Hartindjoeng, bidhan senior lulusan sekolah bidhan ing RSU Tjelaket (saiki RS Syaiful Anwar) Malang 1958, banget ditepungi warga Dlanggu, 15 km sakidule kutha Mojokerto.Bidhan klairan Maron, Srengat, Blitar, sing tau sekolah guru A ing Solo lan Malang iki, ing kono wiwit 1963. Pak Hary, sarjana mudha hukum Unair Surabaya 1958, uga populer minangka anggota DPRD Kabupaten Mojokerto 1973-1978 ing awaling Orde Baru saka Golkar.
Bidhan sing seneng tetulung tanpa ngetung cacahe pituwas saka pasien iki, uga duwe hobi ngasuh bayi-bayi anake pasien mlarat utawa kesrakat sing perlu dibantu. Cacahe wis puluhan. Kabeh disekolahake nganti dadi wong. Salah sijine, Sutopo, nandhang cacat, wis omah-omah keparingan anak loro, tetep ndherek Pak lan Bu Hary ngrewangi ngopeni pekarangan omah ambane 2.200 m2 isi tanduran kembang, bonsai lan woh-wohan, klebu duren montong umur 13 taun sing wis awoh kaping telu. Nganti saiki brayat adiyuswa iki isih momong anak asuh balita, lagi umur telung taunan.
Sukurane brayat diwujudake kanthi ngundang kanca-kanca lan tangga teparo diajak bojana prasaja. Bengine diadani pangabekti diestreni para warga Greja Kristen Jawi Wetan (GKJW) Pasamuwan Segaran, Dlanggu.
Pendhita Dr. Budyanto sing uga Rektor Universitas Kristen Duta Wacana (UKDW) Yogya, nglantarake sabda saka Jabur-Mazmur 90:10.. Intine, saya sepuh wong kudu bisa tansah dadi tuladha lan wicaksana kaya sing wis ditrapake dening Pak lan Bu Hary sing yuswane kliwat 70 taun ngluwihi sing kasebut ing Mazmur iku.
Foto: Niken
e-mail artikel ini




(4.5 out of 5)
Moga diberikan kesehatan selalu. GBU
30 April 2010 at 12:08 pm