Mapag 40 Dinane Swargi: Gus Dur Nentremake Minoritas
Tumrap Greja Kristen Jawi Wetan (GKJW), Gus Dur sing asma resmine KH Abdurrahman Wahid (Presiden Republik Indonesia IV 1999-2001) wis suwe dianggep gurune pemimpin lan warga greja Protestan ing Jawa Timur iki. Gus Dur uga bisa nentremake warga GKJW sing minoritas, nalika dadi korban obong-obongan greja taun 1996.
Para pendhita sing mimpin watara 150.000-an warga GKJW ing padesan lan kutha-kutha wiwit Ngawi nganti Banyuwangi, wiwit 35 taun kepungkur wis akrab karo asma lan kawicaksanane kyai wayahe pendiri Nahdlatul Ulama (NU), Hadratus Sheikh Hasyim As’yari, iki.
Gus Dur dadi dosen tamu Islamologi ing sekolah calon pendhita, Institut Pendidikan Teologi “Balewiyata” ing Malang, duweke GKJW, taun 1970-1980. Nalika Balewiyata ora nyithak pendhita maneh awit sekolah pendhita Protestan Jawa dipusatake ing Sekolah Tinggi Teologi (STT) “Duta Wacana”, Yogya, kyai sing wawasan kebangsaane manteb lan seneng guyon ikii, tetep asring diundang ceramah ing kampus Balewiyata ing Sukun, Malang.
Apamaneh Direktur Balewiyata nalika iku sing banjur dadi dosen STT Jakarta lan Ketua Majelis Agung GKJW, Pdt. Prof. Sri Wismoady Wahono, Ph.D. (swargi), mitra rakete Gus Dur. Ceramah lan rawuhe Gus Dur ing Balewiyata nyata saya ngandelake wawasan kebangsaan lan pluralisme (bhinneka tunggal ika)-ne para pendhita GKJW.
Sing ora gampang dilalelake para pemimpin, tokoh lan warga GKJW yaiku rawuhe Gus Dur ing Balewiyata, sabubare kedadeyan obong-obongan greja ing Jawa Timur, Oktober 1996. Sing dirusak lan gawe kekese warga GKJW klebu greja Jawa ing Sidotopo (Surabaya), Besuki, lan Situbondo.
Sajrone ceramahe sing kebak guyon maton nalika semana, Gus Dur ngadhemake atine warga GKJW sing panas nanging tanpa daya. Ditegasake, tumrap NU bhinneka tunggal ika iku wis ora kena dienyang maneh. NU ora tau duwe gagasan ngedegake negara agama (Islam) ing kene.
Anggone Gus Dur dhawuh sing gawe tentreme warga GKJW nganti bisa pasrah marang Gusti Kang Maha Adil, intine kaya sing dingendikakake pemimpin India antikekerasan, Mahatma Gandhi (1869-1948): An eye for an eye will make the whole world blind. Mata diwales mata marakake sadonya wuta.
Katresnane Gus Dur marang GKJW isih terus diwujudake kanthi rawuh sarimbit ing Balewiyata sing uga kantor pusate GKJW sa-Jawa Timur ing Sukun, Malang, taun 2000, nalika jumeneng dadi Presiden RI.
Gus Dur lan garwane, Bu Shinta Nuriyah, ndhudhah nostalgia ing kampus Balewiyata. Nalika mulang calon pendhita ing kana, Gus Dur kerep ngajak garwane. Gus Dur mulang, Bu Nur ameng-ameng ing taman momong putrine. Kamar kanggo ngasone dosen istimewa iki cedhak kamare para calon pendhita.
Rawuhe Presiden RI ing Balewiyata pancen gawe repote tuan rumah. Lingkungane kudu steril. Ora sembarang wong bisa mlebu kompleks kono. Kabeh kudu liwat pepriksan Pasukan Pengamanan Presiden (Paspampres). Beda karo nalika Gus Dur dadi dosen tamu taun 1970-an.
Senajan repot-yen kepireng Gus Dur mesthi bakal diduwa: “Ngono bae kok repot.”-rawuhe Presiden Abdurrahman Wahid gawe mongkoge GKJW. Gus Dur minangka Presiden RI sepisan sing rawuh ing Balewiyata. Langka yen bakal ana maneh Presiden rawuh ing kana.
Mula nalika Gus Dur tinimbalan, 30 Desember 2009, akeh warga lan pendhita GKJW takziah ing Tebuireng. Kulawarga sing tinilar didongakake kaparingan kakuwatan lan kasabaran saka Kang Murbeng Dumadi. Kinanthen panyuwun anane Gus Dur liyane sing bisa njaga lestarine bhinneka tunggal ika.
Pamupuse warga GKJW kelangan Gus Dur: Yahwe natan wa Yahwe laka. Gusti kang paring lan Gusti uga kang mundhut. Pinujia asmane Gusti. Mugi paring kekiyatan dhumateng brayat lan warga NU ingkang tinilar. Amin.
Foto: Pendhita Wismo nggandheng Gus Dur ing Balewiyata. Foto: Dhani
e-mail artikel ini




(4.5 out of 5)
Have your say!