Home » Berita

Campursari ing Ibadah Tahbisan Pendhita

Wardhani Tjiptowardono 5 April 2009 Berita 727 views No Commente-mail artikel ini e-mail artikel ini

Mas, Mas, Mas, aja dipleroki
Mas,Mas, Mas, aja dipoyoki
Karepku memuji mring Gusti
Mirengake pangandika kang suci
Kanggo panuntun gesang tresna mring sesami
Dimen asmane Pangeran tansah pinuji
Kawilujengan ing kasuwargan
Pinesthi bakal tinampi.

Tembang sigrak nyilih lagune tembang campursari Prau Layar iki keprungu ing greja sakulone Pabrik Gula Mojopanggung, Kalangbret, Tulungagung, Minggu (29/3). Sore iku para warga Greja Kristen Jawi Wetan (GKJW) Pasamuwan Kalangbret  bungah-bungah asuka rena mapag rawuhe pendhita anyar, Eric Pangarapen, S.Si. (27 taun). Wis limang taunan Kalangbret ora tinenggan pendhita baku sawise Pdt. Tjahja Prabowo, S. Si. pensiun.

Pendhita Eric  klairan Pacitan, putrane Pak Sudiono kelairan Mojokerto lan Bu Dharmaputri sing asli medan, lulusan Fakultas Teologi, Universitas Kristen Duta Wacana (UKDW), Yogya, 2006. Sawise rong taun dadi vikar (calon pendhita) ing Pasamuwan Sambirejo (Pare), Darmo (Surabaya), Jember lan Pujiharjo (Malang), sore iku Eric dilantik dening Ketua Majelis Agung GKJW, Pdt. Iman Santoso Puro, S. Th.

Ngarepake Paskah 2009 iki GKJW nampa berkah pendhita mudha papat, yaiku Eric Yoseph Pangarapen  Pradana Dionoputra,  Sarwindra Rusdiahwati (28) saka Malang, Suyono (32) saka Trenggalek lan Dadi Wirawan (29) saka Magetan. Kabeh lulusan UKDW taun 2006. Sarwindra dadi pendhita ing Pasamuwan Jatiwringin (Kediri), Suyono ing Pundungsari (Lumajang) lan Dadi Wirawan ing Tambakasri (Malang).

Saben taun GKJW terus kekurangan pendhita kanggo ngladeni wargane ing 154 pasamuwan saindenge Jawa Timur, wiwit Ngawi nganti Banyuwangi, utamane ing padesan lan pagunungan. Cacahe pendhita anyar luwih sethithik tinimbang sing pensiun (emeritus). Rata-rata kanggo “nyithak” pendhita anyar perlu wektu pitung taun. Limang taun kuliah ing UKDW, rong taun kanggo praktek minangka vikar.

Para pemudhane akeh sing awang-awangen kuliah ing fakultas teologi. Mangka yen tanpa alangan, lulus  sarjana teologi akeh bisane diangkat dadi pendhita GKJW. Jaminan hidup pendeta (japen) GKJW cukup apik. Saben pasamuwan mesthi ana pastorine utawa omah dhinese pendhita komplit.  Ana jaminan kesehatan lan hari tuane barang.

Kejaba nguwasani teologi (ilmu ketuhanan) asumber Kitab Suci sing dumadi saka Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar, calon pendhita GKJW perlu sangu  kabudayan Jawa. Senajan saiki  dudu greja mligi kanggo suku bangsa Jawa, sebageyan akeh saka 140.000-nan warga GKJW wong Jawa. Racak-racak isih nuhoni lan nganut kabudayan Jawa, klebu keseniane.

Mula gamelan, macapat lan tembang campursari (sing wis disalarasake karo teologi GKJW) kerep bae dadi sarana upacara seremonial lan ritual ing greja iki. Kala-kala ana lomba kotbah basa Jawa lan pelatihan panatacara (MC) Jawa ing greja.

Pangabekten saben dina Minggu lan riyaya Kristen ing GKJW, senajan saya akeh generasi mudha sing ora mudheng, nganggo basa Jawa  kejaba basa Indonesia, Madura (ing tlatah Jember lan Bondowoso) lan kala-kala nganggo basa Inggris ing Surabaya lan Malang. Kepriye bae kabudayan lan basa Jawa ora ditinggal, tetep diuri-uri.

Pendhita Eric sepisanan mberkahi ing panutupe pangabekti ing greja Kalangbret

Pendhita Eric sepisanan mberkahi ing panutupe pangabekti ing greja Kalangbret


e-mail artikel ini e-mail artikel ini
1 Star2 Stars3 Stars4 Stars5 Stars (No Ratings Yet)
Loading ... Loading ...

Have your say!

Add your comment below, or trackback from your own site. You can also subscribe to these comments via RSS.

Be nice. Keep it clean. Stay on topic. No spam.

You can use these tags:
<a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>